Urip iku urub

Jejegana laku lan lampah ira supaya urubing geni ati tansah ajeg!!!!! akeh bahasan bab iki, kang intine padha yaiku bisaa urip kanthi bisa menehi manfaat kanggone wong liya, sithik apa akeh iku gumantung pribadine lan kemampuane dewe-dewe. Urip ateges isih awujud titahing Gusti , mbuh awujud blegere menungsa utawa makhluk liyane lan manggon ing alam padhang ( bisa bumi bisa langit ) , urup tegese murub kaya murubing geni, kang bisa aweh daya pangaribawa, daya kekuatan, daya pencerah, lan uga daya pengrusak. Amarga sipating geni ya kaya kuwi, nanging minangsa menungsa kudu bisa matesi, njupuka sipat kang becik kanggone bebrayan agung kanggo manfaati sesamining titah. Akeh wong rumangsa wis bisa urip lan urub nanging urip lan urube isih kabur kanginan, tegese isih molah malih, mbolak mbalik, kaya dayane geni kang ketiup angin. lha terus kapriye supaya urubing iku ora kaya mangkono, kudune BBMme ya dikuwati, kanthi njejegaken laku lan lampah kang ora nabrak paugeraning titah sing umum lan sing khusus. manut pranatan kang wus sumebar ing jagad raya. Salam-salam salam

0 Response to "Urip iku urub"

Post a Comment