Kawruh Basa Jawa : B A N D H O T Ing kamus basa Jawa, bandhot tegese : (1) wedhus lanang (2) wong lanang tuwa kang isih seneng nggodha wong wadon enom. Teges kang kasebut ing nomer 2, apa sebabe wong tuwa lanang kang doyan madon dipadhakake wedhus, kok ora dipadhakaken asu? Aku kye isih weruh wong tuwane lan sedulure, mulane ora ana asu sing gelem 'gancet' karo wong tuwane lan sedulur-sedulure tunggal weteng ( saudara kandung ). Nek wedhus, ngawur bae, ora weruh wong tuwane lan ya ora weruh sedulure, digasak bae. Mulane wong lanang sing doyan wadonan dipadhakaken karo drajate wedhus. Ya amarga kuwe, wong wadon nek ngundamana bojone sing seneng slingkuh, unine," O...,wedhus kowe pancen!" tapi nek ana sing ngucap madhakaken asu, "O...,asu kowe pancen!" kliru. Marang para kadang kawula, nuwun sewu, status kye mung ngenani kawruh basa Jawa, ora niyat nulis prakara lekoh. Mula saka siki, aja kejeron panampa, mung ngenani kawruh basa Jawa.
0 Response to "Whedhus koen"
Post a Comment